Perang Jawa (1741–1743)
paperangan ing tanah Jawa / From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Jawa saka 1741 tumeka 1743 minangka cengkah mawa gaman antaraning gabungan wadyabala Cina lan Jawa lumawan Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) kang kalakon ing Jawa pérangan tengah lan wétan. Sapungkuring Walanda numpes 10.000-nan wong Cina ing Batawi (saiki aran Jakarta), wong-wong kang slamet banjur padha ngungsi menyang Semarang kanthi dilurahi Khe Pandjang. Sanajan wis kaweling yèn kraman bakal kalakon, pangareping militèr VOC aran Bartholomeus Visscher ora ngrèwès marang weling mau lan ora njaluk wadyabala wuwuhan. Ing wusana, Sunan Mataram kala samana kang jejuluk Pakubuwana II milih nyengkuyung para kraman Cina ngiras éthok-éthok ngéwangi Walanda.
Perang Jawa | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Para kraman Cina dan Jawa |
Vereenigde Oostindische Compagnie | ||||||
Pangarep | |||||||
Singseh # |
Bartholomeus Visscher | ||||||
Kakuwatan | |||||||
23.500 (pucuk) | 3.400 (pucuk) |
Sapungkuring rajapati gedhèn ing 1 Fèbruari 1741 ing Pathi, para kraman Cina sumebar menyang saindenging Jawa pérangan tengah. Wong Jawa mèlu ngéwangi wong Cina ngiras éthok-éthok tawur lumawan wong Cina supaya wong Walanda ngira yèn disengkuyung wong Jawa. Lelakon apus-apusan mau banjur konangan, déné wadyabala Cina wis saya nyedhaki Semarang, mula njalari Visscher ketar-ketir. Kasil ngrebut Rembang, Tanjung, lan Jepara, wadyabala gabungan Cina lan Jawa banjur ngepung Semarang ing Juni 1741. Pangéran Cakraningrat IV saka Madura awèh wadyabala pitulungan marang Walanda; mula, saka Madura mangulon wadyabalané numpesi saben wong Cina kang dipapag ing sadalan-dalan, déné kasil nglerem kraman ing Jawa pérangan wétan.
Ing wekasan 1741, upaya pangepung Semarang wusana teluk awit saka wadyabalané Pakubuwana II lumayu ninggal palagan amarga wadyabala Walanda, saha wadyabala pitulungané, duwé gaman geni kang pinunjul. Rampung Walanda ngayahi kampanye militèr ing 1742, Pakubuwana II mutusaké pasrah lan alihan nyengkuyung Walanda. Mangkonoa, sawatara pangéran Jawa nedya mbanjuraké perang. Mula, ing 6 April putusaning Pakubuwana II ora dianggep para kraman. Kaponakaning Pakubuwana II aran Radèn Mas Garendi banjur didhapuk para kraman minangka sesulihé. Nalika Walanda kasil ngrebut bali kabèh kutha ing pasisir lor Jawa, para kraman ngrangsang kutha krajaning Pakubuwana II ing Kartasura. Jalaran iku, dhèwèké saha kulawargané kapeksa ngungsi. Cakraningrat IV kasil ngrebut manèh kutha mau ing Dhésèmber 1742, lan ing kawitan 1743 para kraman Cina kang wekasan wis pasrah bongkokan. Sabubaring perang, Walanda saya temen anggoné nguwasani Jawa lumantar prajanjèn karo Pakubuwana II.