Florence Nightingale
From Wikipedia, the free encyclopedia
Florence Nightingale (12 Mèi 1820-13 Agustus 1910) punika pelopor perawat modhèren, panulis lan nimpuna statistik.[1] Panjenenganipun punika satunggiling univèrsalis Kristen.[2] Nalika tanggal 7 Fèbruari 1837 – boten lami sadèrèngipun ambal warsanipun ingkang kaping 17 – satunggaling kadadosan ingkang badhé ngéwahi gesangipun: panjenenganipun nyerat, "Gusti ngendika marang aku lan nimbali aku kanggé ngladosi-Panjenenganipun."[3] Panjenenganipun dipuntepangi kanthi nama Widodari kanthi lampu (basa Inggris The Lady With The Lamp) amargi jasanipun ingkang tanpa kenal ajrih ngempalaken kurban perang nalika Perang Krim, ing Tanjung Krim, Ruslan.
Miyos | (1820-05-12)12 Mèi 1820 Firenze, Itali |
---|---|
Tilar donya | 13 Agustus 1910(1910-08-13) (umur 90) Park Lane, London, Inggris |
Profèsi | Perawat lan Statistisi |
Institusi | Barak Selimiye, Scutari |
Spesialisasi | Kaséhatan lan karesikan griya sakit |
Dipunkawruhi amargi | Pelopor perawat modhèren |
Tapak asma |
Florence Nightingale nggesangaken malih konsèp panjagèn karesikan griya sakit lan kiyat-kiyat juru rawat. Panjenenganipun maringaken panekanan dhumateng kawigatosan ingkang tliti dhumateng kabetahan pasièn lan panyusunan laporan ingkang rinci migunaaken statistik minangka argumentasi éwah-éwahan nuju arah ingkang langkung saé ing babagan kaperawatan ing sangajenging papréntahan Inggris.