Dayak utawa Daya (ejaan kawak: Dajak atau Dyak) iku kumpulan pirang-pirang subetnisAustronesia kang dianggep warga asli kang manggon ing Pulo Kalimantan (Brunei, Malaysia kang kapérang saka Sabah lan Sarawak, sarta Indonésia kang dumadi saka Kalimantan Kulon, Kalimantan Wétan, Kalimantan Tengah, lan Kalimantan Kidul).[1] Budaya warga Dayak ya iku Budaya Maritim utawa bahari.[2] Arep kabèh jeneng sesebutan wong Dayak duwé teges minangka prakara kang ana gegayutane karo kali, apa manèh jeneng-jeneng rumpun lan jeneng kulawargané.[2] Suku bangsa Dayak dumadi saka nem Stanmenras utawa rumpun ya iku rumpunKlemantan utawa Kalimantan, rumpun Iban, rumpun Apokayan iku Dayak Kayan, Kenyah lan Bahau, rumpunMurut, rumpunOt Danum-Ngaju lan rumpunPunan.[2]
Sunyata Rikat Tlatah mawa cacah jiwa akèh, Basa ...