Astragara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Astragara utawa arsenal utawi gudhang gaman inggih punika panggénan kanggé ndamel, ngrumat, ndandosi, tuwin nyimpen gegaman kanthi kawontenan punapa kémawon. Gaman ingkang kapernahaken ing astragara saged minangka gadhahipun pribadi utawi bebrayan ageng. Péranganing astragara inggih punika panggénan kanggé nyimpen gegaman lan obat sawatawis wekdal, kados ta pos sawatawis wahana patroli ingkang namung lumampah ing wekdal mirunggan ing satunggal dinten.[1]
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |