Asem galat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Asem galat yaiku senyawa golongan asem fenolik C6-C1 (en:phenolic acid) utawa hidroksibenzoat, yaiku asem 3,4,5-trihidroksibenzoat.[1] Asale tembung galat yaiku tembung galle ing basa Prancis kang ateges pambengkakan ing jaringan tuwuhan sawisé terserang gegremet parasit.[2] Senyawa iki bisa tinemu ing godhong ek lan anggur lan duwèni aktivitas minangka antioksidan (penangkal radikal bébas).[2][3] Asam galat yaiku subunit saka galotanin, yaiku polimer heterogen kang ngandut pirang-pirang molekul asem galat kang padha gegayutan karo asem galat liyané lan karo sukrosa lan gula liyané.[1] Akèh galotanin kang ngganggu uriping tuwuhan amarga bisa ngrombak enzim sitoplasma kanthi ndenaturasi protéin (enzim yaiku protéin), lan ketahanan tuwuhan kang ngandhutake manawa disebabkake amarga galatonin diangkud ing vakuola mula kapisah saka enzim ing sitoplasma.[1]
Asam Galat | |
---|---|
3,4,5-trihydroxybenzoic acid | |
Jeneng liya Gallic acid Gallate 3,4,5-trihydroxybenzoate | |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [149-91-7],[5995-86-8] (Monohydrate) |
PubChem | 370 |
SMILES | Oc1cc(cc(O)c1O)C(O)=O |
Sifat | |
Rumus molekul | C7H6O5 |
Massa molar | 170.12 g/mol |
Panampilan | Putih, putih-kekuningan atau kristal berwarna coklat-kekuningan pucat. |
Densitas | 1.7 g/cm3 (anhidrat) |
Titik leleh |
250 °C, 523 K, 482 °F |
Kelarutan dalam air | 1.1 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat) 1.5 g/100 ml air @ 20 °C (anhidrat) |
Kaasaman (pKa) | COOH: 4.5, OH: 10. |
Bahaya | |
MSDS | External MSDS |
Bebaya utama | Irritant |
Senyawa kagandhèng | |
Senyawa kagandhèng | Asam benzoat, Fenol, Pirogallol |
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |