Alexandre Dumas, fils
From Wikipedia, the free encyclopedia
Alexandre Dumas, fils ya iku dramawan lan novèlis Prancis; salah sijining penemu prakara lakon, lara sawatara ana drama realistik kelas menengah lan nawakaké perawatan kanggo larané.[1] Dhèwèké lair ana Paris, Prancis, tanggal 27 Juli 1824.[1] Séda ana Marly-de-Roi, Yvelines, Prancis, tanggal 27 November 1895.[1]
Alexandre Dumas, fils | |
---|---|
Lair | 27 Juli 1824 Paris, Prancis |
Pati | 27 November 1895 Marly-de-Roi, Yvelines, Prancis |
Pakaryan | Sastrawan, dramawan |
Bojo | Nadejda Naryschkine (m. 26-May-1864, d. 1895) Henriette Régnier (m. 1895, nganti patiné) |
Wong tuwa | Alexandre Dumas, père lan Marie Labay |
Dhèwèké ya iku anaké dramawan lan novèlis, Alexandre Dumas, père.[1]
Minangka anaké Alexandre Dumas, dhèwèké kanthi alami bisa nulis.[2] Dhèwèké nulis 11 lakon saurungé taun 1880 kanthi téma tresna kang dilarang.[3] Nanging semono, Dumas ngaku yèn dhèwèké ya iku moralis lan pengajar.[3]
Dhèwèké, kaya bapaké, anak saka gayutan karam.[3] Dhèwèké kerep diécé nalika sekolah.[3] Iku kang bisa njelasaké kenangapa dhèwèké nulis téma tunggal.[3]
Urip nekani Dumas, dhèwèké utang 50.000 franc.[3] Pungkasé, nalika mung ana pulpèn ing antaranè dhèwèké karo nasib, dhèwèké nulis Lady of Camellias kang kondhang, taun 1848, sepisanan minangka novèl, banjur vèrsi lakon.[2][3]