Alexander Fleming
ahli tamba saka Britaniya Agung, panemu penisilin / From Wikipedia, the free encyclopedia
Alexander Fleming yaiku penemu penisilin.[1] Dhèwèké lair ing kutha Lochfield, Sekotlan, nalika tanggal 6 Agustus 1881.[1] Fleming sekolah ing Louden Moor School, Darvel School, lan akademik Klimarnock sadurungé pungkasané ngalih kanggo nerusaké kuliahé ing politèknik.[1] Sawisé ngrampungaké sekolahé, Fleming nyambut gawé ana ing ing perusahaan pelayaran nanging dhèwèké ora seneng marang gawéan sji iku.[1] Iku sebabé, nalika dhèwèké éntuk warisan saka salah siji seduluré, dhèwèké metu saka pagawéan mau lan sinau kadhokteran ing Sekolah Kedhokteran Rumah Sakit St. Mary ing London.[1] Sawisé lulus, dhèwèké nyambut gawé ing panggonané Almroth Wrigh kang percaya yèn vaksinansi bisa nyegah lelara.[1] Nanging Fleming duwèni panyaruwé yèn ana cara liyané kango nambani infèksi.[1] Nalika taun 1922, Fleming kasil nemu gagasan manawa awaké manungsa ngandhut ènzim kang ana ing luh lan lendir irung kang bisa matèni baktèri-baktèri.[2] Taun 1928, Fleming nemu pinisilin.[2] Nalika iku dhèwèké prèinan nganti rong minggu, lan ninggal piring kang ana baktéri Staphylococcus’ ing bangku laboratoriumé.[2] Nalika iku dhèwèké lagi mbuktèkaké téyori kesenengané yaiku lendir irung duwé èfèk antibaktéri.[2] Sawisé dhèwèké bali, sawijining bunderan bening ana ing thukulan jamur warna kuning rada ijo mau.[2] Fleming tinggal dunya nalika tanggal 11 Maret 1955 amarga lara Jantung.[2]