Agen Oranye
From Wikipedia, the free encyclopedia
Agen Oranye lan "Super Oranye" iku jejuluk kang diwènèhaké kanggo herbisida lan defolian kang digunakaké déning Militer Amérikah Sarékat ing peperangan herbisida (herbicidal warfare) suwéné Perang Vietnam. Ing peperangan herbisida mau, sapérangan herbisida kalebu Agen Oranye digunakaké kanthi maksud kanggo ngancuraké prodhuksi bahan pangan lan wiwitan kang didadèaké minangka papan pandhelikan mungsuh. Agen Oranye digunakaké saka taun 1961 tekan taun 1971, lan ing antarané kabèh kang ingaran " herbisida kluwung" kang paling mbebayani, kang digunakaké ing program iki. Degradasi Agen Oranye (éwadéné Agen Ungu, Jambon, lan Ijo) nglepasaké dioxin, kang didakwa wus mbebayani marang kaséhatan wong kang kapaparaké ing mangsa Perang Vietnam. Agen Biru lan Putih iku péranganing program kang padha nanging ora ngandhut dioxin. Studi ngenani penduduk kang kapapar dioxin, éwadéné ora kudu Agen Oranye, nunjukaké ningkaté résiko manéka warna jinis kanker lan cacat genetis. Dampak paparan ing tingkat cendhèk kanggo jangka wektu kang suwé durung bisa dipesthèaké. Wiwit 1980-an, sapérangan tuntutan ukum wus diajokaké marang perusahaan-perusahaan kang mprodhuksi Agen Oranye, ing antarané ya iku Dow Chemical, Monsanto lan Diamond Shamrock (ngasilaké mung 5% [1]). Para vèteran AS olèh ganti rugi AS$180 yuta taun 1984, lan para vèteran kang gedhé dhéwé kena akibaté nampa ganti rugi sapisan ya iku AS $1.200. Para vèteran Amérika saka perang ing Vietnam ngupaya olèh pangakuan ngenani Agen Oranye, kompensasi lan perawatan kanggo penderitaan kang dialami para veteran lan anak-anaké amarga Agen iki; akèh véteran Vietnam kang kapapar Agen Oranye ora kasil olèh perawatan medhis kang wus dijanjèaké liwat sistem medhis Dhépartemèn Urusan Vèteran lan mung ing kasus-kasus kang istiméwa anak-anaké kang kena prabawa kasil olèh bantuan keséhatan saka pamaréntah. Para vèteran Vietnam lan kulawargané kang sepisanan ngajokaké tuntutan dhateng Agen Oranye iki nelaaké 25 taun kapungkur yèn pamaréntah "mung nunggu awake dhéwé kabèh mati". Para veteran nutuh yèn sapérangan gedhé veteran kang isih urip bakal mati amarga akibat-akibat paparan racun iki suwéné pérangan taun ngarep, sadurungé umur 65 taun. Ing papan-papan liya, para vèteran Australia, Kanada lan Niu Sélan olèh ganti rugi kanggo panylesaian sakjaban pangadilan ing taun kang padha. Taun 1999, para vèteran Koréa Kidul ngajokaké tuntutan ukum ing Koréa; ing wulan Januari 2006, Pangadilan Bandhing Koréa mréntahaké Monsanto lan Dow mbayar ganti rugi AS$62 yuta. Nanging, ora ana siji-sijiya wong Vietnam kang kasil olèh kompénsasi. Tanggal 10 Maret 2005 Hakim Jack Weinstein saka Pangadilan Federal Brooklyn nolak tuntutan kang diajokaké déning wong-wong Vietnam kurban Agen Oranye marang perusahaan-perusahaan kimia kang mrodhuksi defolian/herbisida iki.