A Christmas Carol
From Wikipedia, the free encyclopedia
A Christmas Carol in Prose, Being a Ghost Story of Christmas (luwih ditepungi minangka A Christmas Carol) iku buku karangan panulis Inggris Charles Dickens sing pisanan diterbitaké tanggal 19 Dhésèmber 1843,[1] kanthi ilustrasi déning John Leech. Dickens nyebut buku iki minangka "Little Christmas Book".[2] Buku iki langsung suksès, kanthi payon punjul enem éwu buku sajeroning seminggu, lan dadi buku pisanan saka lima "buku Natal" Dickens. A Christmas Carol ditulis suwéné enem minggu, kanggo mbayar hutang, lan awalé mung ditulis nalika wektu longgar, bebarengan karo nulis novèl Martin Chuzzlewit. Nanging banjur buku iki dadi buku wigati sing mangaruhi pikiran lan imajinasi Dickens.[3] A Christmas Carol akiré dadi carita Natal paling disenengi lan tahan suwé.[4]
Panganggit | Charles Dickens |
---|---|
Sesirah asli | 'A Christmas Carol in Prose, Being a Ghost Story of Christmas' |
Pametha | John Leech |
Nagara | Inggris |
Basa | Basa Inggris |
Gènre | Novèl Kritik sosial |
Pangecapan | Chapman & Hall |
Kala babar | 19 Dhésèmber 1843 |
Jinis sarana | Cithak |
Kaca | 80 (watara 28.000 tembung) |
Didhisiki | Martin Chuzzlewit |
Disusul | The Chimes |
Sapérangan sajarawan duwé pendhapat yèn popularitas buku iki duwé peran wigati sajeroning ambal dhéfinisi wigatiné Natal lan "semangat" dina riyaya.[5][6][7][8]