Ekonomi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ekonomi kuwe salah siji ilmu sosial sing nyinauni aktivitas menungsa sing hubungane karo produksi, distribusi, pertukaran, lan konsumsi barang lan jasa. Istilah "ekonomi" kuwe asale sekang Yunani οἶκος (oikos) sing artine "keluarga, rumah tangga" lan νόμος (nomos), utawa "peraturan, aturan, hukum," lan secara garis besar diartikna dadi "aturan rumah tangga" utawa "manajemen rumah tangga." Banjur sing dimaksud karo ahli ekonomi utawa ekonom kuwe wong sing nggunakna konsep ekonomi lan data kanggo kerja.