Wong Minangkêbo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tiyang Minangkabo utawi tiyang Minang (Malayu: Minang utawi Minangkabau; Jawi: ميناڠكاباو) inggih punika salah satunggaling bebrayan ing Nuswantara ingkang nganggé basa lan adat Minangkabo.[3] Wewengkon tiyang Minangkabo lan kabudayanipun inggih punika wonten ing Sumatra Kilèn, Riau, sisih lèripun Bengkulu, kilènipun Jambi, kidulipun Sumatra Lèr, kidul kilènipun Acèh, lan ugi Negeri Sembilan ing Malaysia.[3] Saben dintenipun, tiyang Minangkabo utawi tiyang Minangkabo asring sinebat kanthi nama tiyang Padhang utawi wong Padhang.[4] Nanging, tiyang Minangkabo nyebat piyambakipun kanthi nama urang uwak (sajatosipun maksudipun sami kaliyan tiyang Minangkabo).[4]
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(Kirang langkung 8.000.000 (2010)) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Indonésia | [1] |
Sumatera Kilèn | 4.219.729 |
Riau | 676.948 |
Sumatra Lèr | 333.241 |
Jakarta | 272.018 |
Jawa Kilèn | 241.169 |
Jambi | 163.760 |
Kapuloan Riau | 162.452 |
Banten | 95.845 |
Bengkulu | 71.472 |
Lampung | 69.652 |
Sumatra Kidul | 64.403 |
Negeri Sembilan | 548.000[2] |
Basa | |
Basa Minang, basa Indonésia, lan basa Malayu | |
Agama | |
Islam | |
Golongan ètnik magepokan | |
Malayu |
Miturut A.A. Navis, Minangkabo taksih mlebet rumpun Malayu ingkang ngrembaka lan ageng amargi sistem monarki[5] sarta gadhah sistem adat ingkang kas, ingkang titikanipun inggih punika sistem kakulawargan manut "margi" tiyang èstri (matrilineal), lan sanajan budayanipun kiyat, tiyang Minangkabo ugi kiyat anggènipun nggebeng agami Islam.[6] Miturut Thomas Stamford Raffles, sasampunipun ngawontenaken èkspédhisi dhateng wewengkon Minangkabo pasipun ing Karajan Pagaruyung, mratélakaken bilih Minangkabo inggih punika tukipun (sumber) kakiyatan lan asalipun bangsa Malayu.[7]
Ing wekdal sapunika tiyang Minangkabo dados golongan matrilineal (sistem kakulawargan manut dhateng garis tiyang èstri ingkang paling ageng sadonya.[8] Sasanèsipun punika tiyang Minangkabo ugi sampun ngginakaken sistem proto-dhémokrasi wiwit sadèrèngipun jaman Hindhu kanthi wontenipun musyawarah adat kanggé nemtokaken ukum lan prakawis ingkang wigati.[8] Prinsip utawi paugeran adat Minangkabo dipunpratelakaken ing Adat basandi syara', syara' basandi Kitabullah (Adat dhasaripun ukum, ukum dhasaripun Al-Qur'an), ingkang tegesipun bilih adat Minangkabo punika lelandhesan dhateng agami Islam.[8]
Tiyang Minangkabo misuwur ing babagan niaga (sadéyan), minangka tiyang ingkang profésional lan intelèktual.[9] Tiyang Minangkabo dados pawarisipun tradhisi sepuh Karajan Malayu lan Sriwijaya ingkang misuwur remen sadéyan.[9] Kathah tiyang Minangkabo ingkang nyambut damel ing njawi rangkah (rantau), kinten-kinten amèh sepalih saking sadaya tiyang Minangkabo.[10] Tiyang Minangkabo ingkang ngumbara limrahipun manggén ing kitha-kitha ageng, kados ta Jakarta, Bandung, Pekanbaru, Medan, Batam, Palembang, lan Surabaya.[10] Ing manca nagari tiyang Minangkabo kathah ingkang manggèn wonten ing Negeri Sembilan, Malaysia lan Singapura.[10]
Tiyang Minangkabo gadhah dhaharan kas ingkang sampun misuwur, inggih punika menapa ingkang dipusebat dhaharan Padang (masakan Padang).[11] Dhaharan punika sampun ngrembaka ing Indonésia ngantos dumugi mancanegari.[11]