Victoria saking Britania Raya
From Wikipedia, the free encyclopedia
Victoria (Alexandrina Victoria) (24 Mèi 1819 – 22 Januari 1901) punika Ratu saking Krajan Manunggal wiwit tanggal 20 Juni 1837, lan Ratu India wiwit tanggal 1 Januari 1877, dumugi sédanipun taun 1901. Papréntahanipun langkung saking 63 taun, langkung lami tinimbang raja utawi ratu Britania pundi kémawon. Papréntahan Victoria dipuntengeri déning èkspansi ageng-agengan saking Imperium Britania. Zaman Victoria punika puncak saking Révolusi Industri, satunggiling wekdal éwah-éwahan sosial, ékonomi, lan tèknologi ingkang wigatos ing Britania Raya. Ing masa kasebat, Imperium Britania dumugi puncakipun lan dados satunggiling nagari adhi kuwaos ingkang digjaya.
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Masa kakuwaosan | 20 Juni 1837-22 Januari 1901 |
Pangrumiyin | ISR William IV |
Pangganti | ISR Edward VII |
Garwa | Pangéran Albert saking Saxe-Coburg lan Gotha |
Katurunan | Victoria, Putri Karajan ISR Edward VII Putri Alice Alfred, Duke saking Saxe-Coburg lan Gotha lan Edinburgh Putri Helena Putri Louise Arthur, Duke saking Connaught lan Strathearn Leopold, Duke saking Albany Putri Beatrice |
Dhinasti Karajan | Hanover |
Bapa | Edward Augustus, Duke saking Kent lan Strathearn |
Ibu | Victoria saking Saxe-Coburg-Saalfeld |
Miyos | 24 Mèi 1819 |
Tilar donya | 22 Januari 1901 |
Victoria, ingkang mèh sapenuhipun rahipun Jerman (kejawi saking leluhuripun Sophia saking Hanover ingkang wujud wayah saking garis pawèstri saking James I), punika ratu pungkasan saking Dinasti Hanover; panggantosipun, Raja Edward VII asalipun saking Dinasti Saxe-Coburg lan Gotha.