Universitas Léiden
From Wikipedia, the free encyclopedia
Univèrsitas Leiden (basa Walanda:Universiteit Leiden utawa sadurungé Rijksuniversiteit Leiden; "Univèrsitas Negeri Leiden") iku universitas kang papané ana ing kutha Leiden, Walanda. Univèrsitas iki kang tuwa dhéwé ing Walanda lan diyasa ing taun 1575. Sajatiné universitas kang tuwa dhéwé iku Universitas Leuven (1425), nanging saiki papané wis ora ing Walanda manèh nanging ing Bèlgi. Univèrsitas Leiden diyasa déning Pangéran Willem van Oranje, pemimpin pambalélan Walanda nalika Perang 80 Taun nglawan Spanyol. Miturut tradhisi universitas iki diyasa ing tanggal 8 Fèbruari 1575 sawisé kutha Leiden kang wis dikupeng wadya-bala Spanyol sawatara wanci bisa dibébasaké. Banjur jiwa kapahlawanan wong-wong Leiden arep diparingi anugrah. Para kang ndunungi iki diwèhi rong pilihan: universitas ing kutha Leiden utawa ora mbayar pajeg sawatara wanci. Para kang ndunungi jaré banjur milih pilihan kapisan.
Leiden University Universiteit Leiden | |
---|---|
Jeneng latin | Academia Lugduno Batava |
Diadegaké | 1575 |
Jenis | Public |
Motto | Libertatis Praesidium (Bastion of Freedom) |
Rèktor | Carel Stolker |
Mahasiswa | 25,800 (2015-2016) |
Lokasi | Leiden & Den Haag, Nèderlan |
Peraih Nobel | Heike Kamerlingh Onnes, Hendrik Lorentz, Pieter Zeeman, Willem Einthoven |
Situs web | www.leiden.edu |
Taun 2005, duwé 17.251 mahasiswa kang sinau ing saga fakultas utama kang ana ing Univèrsitas Leiden:
- Matématika lan Ilmu Alam
- Filsafat
- Sastra
- Hukum
- Téyologi
- Arkéologi
- Ilmu Sosial lan Tata Krama
- Kedhokteran
- Seni Panggung lan Kreatif
Sesanti Universitas Leiden ya iku Praesidium Libertatis.