Ujung (Géografi)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ujung (Latin: paeninsula) ya iku sebidang lemah kang njorok ning lautan lan diubengi déning banyu. Kaya ta, Ujung Florida, Ujung Malaya, lan Ujung Skandinavia.[1][2][3][4] Banyu kang ngubengi ujung biasané permanen (mesti ana banyuné; ora tau asat). Ujung nduwèni dasanama, kaya ta, headland, cape, island promontory, bill, point, utawa spit.[5] Saben-saben ujung nduwèni pucuk, kang karan tanjung.[6] Ing basa Inggeris tembung jamak saka ujung yaiku peninsulas utawa peninsulae.
Ujung uga nduwèni laladan sempit kang diapit déning loro badan air kang cedhak. Laladan sempit iki uga kasebut laladan genting.