Tycho Brahe
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tycho Brahe (Knudstrup, Dhènemarken, 14 Desember 1546–Praha, Bohemia (saiki Ceko), 24 Oktober 1601) iku siji priyayi ningrat Dhènemarken sing misuwur amarga dhèwèké iku ahli astronom/astrolog (rong bidhang iki durung dibédakaké ing jamané) lan alkimiawan. Dhèwèké dhawuh mbangun Uraniborg, sing dadi lembaga panelitian awal. Kanggo nerbitaké karyané, Tycho nduwé mesin cithak lan pabrik kertas. Asistèné sing misuwur iku Johannes Kepler.