Tradhisi sing diciptakaké
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tradhisi sing diciptakaké (basa Inggris Invented traditions) iku sawijining konsèp sing diwedhar ing sawijining buku sing terbit ing taun 1983 lan ditulis déning E. J. Hobsbawm lan T. O. Ranger, The Invention of Tradition[1] Ing introduksi buku iki, para panulis ngandharaké manawa akèh barang sing diarani 'tradhisi' iku sajatiné asalé mutakir lan malahan kerep diciptakaké utawa dirékayasa.[2] Para panulis iki mbédakaké antara nyiptakaké tradhisi saka miwiti tradhisi. Ing kasus pungkasan iki ora ana sing ngeklaim manawa tradhisi sing diwiwiti iku wis lawas. Fénoména kaya mengkéné iki utama cetha ing perkembangan modhèren bangsa lan nasionalisme.[3]
Salah sawijiné dampak saka konsèp iki ya iku manawa prabédan antara "tradhisi" lan "modèrnitas" kerepé uga bahan rékayasa. Konsèp iki "rélévan banget tumrap ing inovasi historis sing bisa diarani mutakir, 'bangsa' lan fénoména kagandhèngé kaya ta: nasionalisme, nagara-bangsa, simbul-simbul nasional, sajarah lan liya-liyané." Hobsbawm lan Ranger uga mènèhi komentar ing "paradoks sing anèh nanging bisa dingertèni: bangsa-bangsa modhèren lan kabèh tètèk bengèké lumrahé ngeklaim manawa kabèh iki asalé ora saka jaman mutakir, nanging saka jaman baheula lan muncul kanthi alami, ora diyasa. Dadi komunitas-komunitas manungsa sing alami lan ora mbutuhaké définisi liya saliyané rasa percaya-diri."[4] Dampak liyané iku manawa konsèp kaaslian utawa "otèntisitas" uga dadi ora pasti.