Prajurit
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prajurit utawa kerep diarani saradhadhu utawa bala (Basa Inggris: Soldier, Basa Walanda: Soldaat) tegesé anggota angkatan perang siji bangsa; déné, prajurit kang dibayar kanggo ngabdi marang angkatan perang liya diarani prajurit bayaran (mercenary).[1] Sajeroning basa-basa liya prajurit nyakup perwira, bintara lan tamtama ing Angkatan Dharat siji nagara.
Tembung asal saka Romawi iki dirujuk déning akèh basa ing donya kaya ta Basa Prancis: soldat lan solde, Basa Jerman: Soldat lan Sold, Basa Swèdhen Soldat lan Sold kang tegesé bayaran marang prajurit, Basa Romania Soldat, Basa Spanyol: soldado lan soldada utawa sueldo, Basa Portugis: soldado lan soldo, Basa Walanda: soldaat lan soldij, Basa Italia: soldato lan soldo, Basa Arab "جندي" (Jondi), utawa "مجنّد" (mojannad), utawa "عسكري" (askari) sajeroning dialèk Basa Libanon lan uga Basa Sudan lan Basa Turki asker.