Taman Nasional Sanriku Fukkō
From Wikipedia, the free encyclopedia
Taman Nasional Sanriku Fukkō (三陸復興国立公園, Sanriku Fukkō Kokuritsu Kōen?) (lit. "Taman Nasional Rekontruksi Sanriku") yaiku sawijining taman nasional ing Jepang sing ngewentang ing Pesisir Sanriku Jepang saka Hachinohe ing Prefektur Aomori nglewati Prefektur Iwate nganti Kesennuma ing Prefektur Miyagi. Didekne ing taun 2013 sawise lindhu lan smong tsunami Tōhoku 2011. Taman iki nggabungke bekas Taman Nasional Rikuchi Kaigan lan Taman Alam Prefektur Tanesashi Kaigan Hashikamidake. Ing taun 2014, Kementerian Lingkungan Hidup duwe pangajab kanggo njembarake taman kanthi nglebokne Taman Nasional Kuasi Minami Sanriku Kinkasan. Salajenge, taman bakal dijembarke nganti ngliputi Taman Alam Prefektur Kesennuma, Taman Alam Prefektur Kenjōsan Mangokuura, lan Taman Alam Prefektur Matsushima.[2][3][4] Ing bagean lor taman nasional ana tebing dawane 8 km lan dhuwure 200 m kang kasebut Kita Yamazaki; jare sebagai pesisir paling endah ing Jepang.[5]
Taman Nasional Sanriku Fukkō | |
---|---|
三陸復興国立公園 | |
IUCN kategori II (taman nasional) | |
Pernah | Tōhoku, Jepang |
Laladan | 28,537 hectares (110.18 sq mi) |
Dikukuhaké | 24 Mei 2013[2] |