Syu'aib
Nabi saha Rasul ing agama Islam / From Wikipedia, the free encyclopedia
Syu'aib (Arab: شعيب; Shuʕayb, Shuʕaib, Shuaib )(sawatawis 1600 SM-1500 SM)[1][2] inggih punika sawijining nabi ingkang dipunutus datèng kaum Madyan lan Aikah miturut tradisi Islam. Piyambakipun dipunutus dados nabi ing taun 1550 SM. nanging dipunsèbatakèn kathah ngantos 11 pocapan ing salebeting Al-Qur'an lan piyambakipun séda ing Madyan. Ing Kitab Pangentasan Alkitab Ibrani utawi Alkitab Kristen kasèrat sawijining paraga ingkang dipunanggep sami inggih punika: Rehuel utawi Yitro, imam ing Midian, ingkang dados maratuwanipun Musa, saksampunipun maringi putrinipun, Zipora datèng Musa dados garwanipun. Zipora mbabar 2 putra kanggé Musa.[3] Sawijining putranipun Rehuel, Hobab lajèng ndèrèk Musa kèsah ing tanah Kanaan/Syam. Saksampunè tiyang Israèl mlébét ing tanah Kanaan, turunipun dipunparingi sapethak lemah lan manggèn ing tengah-tengah tiyang Israèl.[4]