Subtropis
From Wikipedia, the free encyclopedia
Subtropis iku wewengkon Bumi sing ana ing lor lan kidul sawisé wewengkon tropis sing diwatesi déning garis walik lor lan garis walik kidul ing lintang 23,5° lor lan kidul. Kaanan iklim subtropis diwernani kanthi gangguan lan alangan saka alam kaya déné badai, udan salju, utawa tornado. Laladan mawa iklim subtropis duwé 4 mangsa ya iku mangsa semi, mangsa panas, mangsa palastra, lan mangsa adhem. Papat mangsa iki duwé karakteristik dhéwé-dhéwé, kanthi suhu maksimal, minimal, kalembaban, uga kaanan makluk urip sing béda.
Laladan subtropis ing wilahan bumi lor njangkep wewengkon:
- Sapérangan gedhé Éropa, kejaba Skandinavia.
- Kawasan Asia Tengah, Asia Wétan, lan Asia Kulon sisih lor.
- Amérika Sarékat lan saubengé.
- Mesir lan Afrika Lor.
Laladan subtropis ing pérangan kidul njangkep wewengkon:
- Australia
- Pérangan kidul Amérika Kidul