Spesies jroning kahanan mutawatiri
From Wikipedia, the free encyclopedia
Spesies sajeroning kaanan mutawatiri yaiku spésies sing bakal dadi spésies terancam kajaba yèn pananganan kaslametan lan reproduksiné apik. Ana watara 8.565 spésies sing mutawatiri sajeroning Pratélan abang IUCN. Conto spésies sing mutawatiri yaiku Biawak Komodo, spésies kas Indonésia sing mung ana ing pulo Komodo, Rinca, Flores, Gili Motang, Gili Dasami ing Nusa Tenggara Wétan.
Conto liya saka spésies mutawatiri ing Indonésia antarané:
- Musang Sulawesi (Macrogalidia musschenbroekii)
- Babirusa (Babyrousa babyrussa)
- Celepuk Jawa (Otus angelinae)