Spéléologi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Spéléologi iku ngèlmu kanggo nyinau guwa-guwa lan fitur-fitur karst liyané. Ya iku ngèlmu iki nyinau wanguné, strukturé, sipat-sipat fisiké, sajarah, kaanékaragaman hayatiné lan prosès dumadiné guwa. Tembung spéléologi iku uga bisa ngrujuk marang aktivitas panglipuran utawa wektu turah kanggo ngumbarani guwa-guwa. Nanging sajatiné aktivitas iki ing basa Inggris diarani mawa tembung caving.