Simfoni No. 9 (Beethoven)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Simfoni No. 9 sajeroning tangga nada D minor iku simfoni pungkasan Ludwig van Beethoven, sing rampung digubah nalika taun 1824.
Ana masalah nalika muter barkas iki? Waca pitulung médhiya. |
Simfoni sing dawané 75 menit iki isiné péranganing ode "An die Freude" (basa Inggris: Ode to Joy) karya Friedrich Schiller, minangka tèks sing dinyanyèkaké para solis lan padhuan swara ing obahan pungkasan. Karya iki wujud conto pisanan saka sawijining komponis gedhé sing migunakaké swara manungsa ing tingkat sing padha karo instrumèn-instrumèn sajeroning sawijining simfoni.
Simfoni iki mungkin wujud karya musik klasik sing paling misuwur, lan dianggep salah siji mahakarya Beethoven sing paling hébat, digubah nalika dhèwèké budheg sepenuhé. Simfoni iki mainaké peranan kabudayan sing wigati sajeroning lingkungan modhèren. Sawijining vèrsi sing wis diadhaptasi digunakaké minangka lagu kabangsan Uni Éropah. Para pelajar sajeroning dhémonstrasi Tiananmen nalika taun 1989 nyiaraké simfoni iki lumantar panyero swara minangka pranyatan nglawan tirani. Sawijining pasugatan sing misuwur sing dilakokaké déning Leonard Bernstein nalika tanggal 25 Dhésèmber 1989 ngriyayakaké tibané Tembok Berlin. Tembung Freude ("kabungahan") diganti kanthi tembung Freiheit ("kabébasan") sajeroning vèrsi mau.