Shogun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Shogun (将軍, Shōgun?) iku istilah basa Jepang kang tegesé jendral. Sajeroning kontèks sajarah Jepang, yèn karan pejabat shogun mula kang dimaksudkaé ya iku Sei-i Taishōgun (征夷大将軍, Sei-i Taishōgun?) kang tegesé Panglima Paling Dhuwur Pasukan Ekspedisi nglawan Wong Biadab (istilah "Taishōgun" ateges panglima angkatan bersenjata). Sei-i Taishōgun wujud salah siji kalungguhan jendral kang digawé ing sanjabaning sistem Taihō Ritsuryō. Jabatan Sei-i Taishōgun dibusak wiwit Restorasi Meiji. Sanajan mangkono, sajeroning basa Jepang, istilah shōgun kang tegesé jendral sajeroning kamilitèran tetep dipigunakaké tekan saiki.
Wiwit jaman Nara tekan jaman Heian, jendral kang dikirim kanggo nelukaké wewengkon pérangan wétan Jepang diarani Sei-i Taishōgun, disingkat shogun. Jabatan kang luwih asor saka Sei-i Taishōgun diarani Seiteki Taishōgun (征狄大将軍, panglima panelukan wong barbar?) lan Seisei Taishōgun (征西大将軍, panglima panelukan wewengkon kulon?). Gelar Sei-i Taishōgun diwènèhaké marang panglima keshogunan (bakufu) wiwit jaman Kamakura tekan jaman Edo. Shogun iku uga pejabat Tōryō (kepala klan samurai) kang diantuki dhedhasar garis keturunan.
Pejabat shogun diangkat mawa préntah kaisar, lan sajeroning praktèké duwé peran minangka kepala papréntahan/panguwasa Jepang. Nagara asing nganggep shogun minangka "raja Jepang", nanging kanthi resmi shogun dipréntah saka pura kaisar, lan dudu panguwasa kang sabeneré. Kakuwasaan paling dhuwur tetep ana ing tangan Kaisar Jepang.