Segara Bandha
segara / From Wikipedia, the free encyclopedia
Sagara Bandha iku sagara kang dumunung ing Kapuloan Maluku, Indonésia. Sagara kanthi ukuran 500x1.000 km iki kapisah saka Samodra Pasifik déning atusan pulo, sarta sagara Halmahera lan Seram.
Pulo-pulo kang wewatesan karo Sagara Bandha antarané: Sulawesi ing sisih kulon, Buru, Ambon, Seram,kapuloan Kai, Kapuloan Aru, Kapuloan Tanimbar, Kapuloan Kidul-kulon, lan Timor. Sanajan ng sisih pinggir sagara iki mbebayani kanggo dilayari amarga akèh pulo karang, nanging ing pérangan tengah cukup aman. Golongan kapuloan kang dumunung ing sagara iki ya iku Kapuloan Banda.