Prostat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prostat iku klanjer eksokrin sajeroning sistem réprodhuksi mamalia lanang. Fungsi mligi yakuwi kanggo ngetokaké lan nyimpen sajinis cuwèran kang dadi rong protelon péranganing mani. Prostat béda-béda saka siji spésies lan spésies liyané ing babagan anatomi, kimia lan fisiologi.
Prostat kang tansaya gedhé (pembesaran) iku tandha-tandha umum kang diderita wong lanag sadhuwuré umur 50 taun. Pembesaran dumadi ing pérangan tengah saka klanjer prostat kang ngubengi saluran uyuh (uretra). Pembesaran klanjer prostat kang sinambung bisa njalari tahap kang luwih serius nganti dadi kanker prostat.