Poros (Perang Donya II)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Nagara-nagara Poros iku nagara-nagara sing nentang pihak sekuthu suwéné Perang Donya II. Ana 3 nagara utama sajeroning kekuwatan Poros ya iku; Nazi Jerman, Italia lan Kakaisaran Jepang. Nalika puncak kajayané, kekuwatan Poros nguwasani dhominasi tlatah sing wiyar banget ing Éropa, Asia, Afrika lan Oseania/Pasifik. Nanging Perang Donya II rampung kanthi kekalahan Poros. Kayadéné pihak sekuthu, kaanggotaan nagara-nagara Poros ora tetep, lan sapérangan nagara nggabung lan banjur ninggal nagara-nagara Poros suwéné perang lumaku.