Pitulung:Tapak tangan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kaca iki ngamot bab kagunaan lan cara nandhatangani utawa napak-astani komentar panjenengan. Masang tapak asta ing kaca dhiskusi lan kaca dhiskusi naraguna migunani banget kanggo mbédakaké komentar panjenengan karo komentar naraguna liyané jroning sawijining kaca dhiskusi. Jroning rembugan utawa dhiskusi utamané kang dawa, tapak asta mènèhi identifikasi jeneng utawa IP sawijining komentar, pametu (pendapat) utawa swara. Ananging tapak asta ora kena dipasang ing kaca artikel.