Naraguna:Wiwik P/Buah buni
From Wikipedia, the free encyclopedia
Woh Buni( Basa Latin 'Bacca, Basa Inggris. Berry) ing pangerten botani inggih punika woh ndaging kang kawangun saka ovary (ovarium) tunggal. Morfologi, kabeh lapisan pambungkusé (perikarp) alus: lapisan paling njaba (exocarp utawa epicarp) tipis lan alus, lapisan jero (mesocarp lan endokarp asring ora bisa dibedakaké), kandel, alus, lan mbanyu. Wiji utawa kempalan wiji (biasane pancen cilik) nyebar ing jero daging, benih asring duwé wiji kang alus banget sing kaya tlutuh (kanthi teknis disebat pulp ).
Woh Buni ya iku jinis woh sing paling asring ditemokaké lan wohé bisa dipangan. Woh Buni minangka jinis dhasar, nanging akeh jinis woh-wohan misuwur liyané tuladhané woh anggur, woh terong (terong, tomat, lan lombok), jambu jambunan ( jambu banyu, jambu krikil), lan woh kakao . Sawetara woh buni ana sing beracun, kayata woh kentang ( Solanum tuberosum ).