Pambuluh nadi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pambuluh nadi utawa arteri iku pambuluh getih kang ana ototé kang nggawa getih saka jantung. Fungsi iki walikané fungsi pambuluh balik kang nggawa getih nuju jantung.
Sistem sirkulasi wigati banget kanggo mempertahankan urip. Fungsi mligi ya iku ngirim oksigèn lan nutrisi nuju kabèh sel, sarta ngangkud dat buwangan kaya karbon dioksida. Ing nagara tumuwuh, loro kadadèan pepati utama dijalari déning infark miokardium lan stroke ing sistem pambuluh getih, umpamané arterosklerosis.