Palanangan
pajaleran / From Wikipedia, the free encyclopedia
Palanangan uga karan planangan, peli, utawa pénis (saka basa Latin kang tegesé "buntut") utawa pajaleran (ing basa Jawa Krama), kerep uga supaya luwih samar diarani manuk, iku sawijining organ èksternal (amarga papané ing jabané awak) minangka organ sèksual utawa wewadi lan organ réprodhuksi manungsa lanang.
Palanangan iki dalan banyu uyuh nalika urinasi lan dalan banyu mani utawa nalika éjakulasi. Palanangan bisa ngaceng (èrèksi : ing basa Indonesia) utawa modhot lan ukurané bisa ping pindhoné ukurané biyasa.