Niš
From Wikipedia, the free encyclopedia
Niš (basa Serbia: Ниш / Niš, IPA: [niːʃ], rungokna (pitulung·info)) iku kutha ing Serbia dumunung ing koordinat 43.3° N 21.9° E, ana ing pinggir Kali Nišava. Kanthi sing ndunungi kang cacahé 260,237[2] jiwa kutha iki minangka kutha gedhé dhéwé ing Serbia Kidul lan kutha gedhé dhéwé nomer telu ing Serbia sawisé Beograd lan Novi Sad. Jembaré kutha iki watara 597 km2, kalebu kutha Niš dhéwé, Niška Banja spa lan 68 tlatah pinggiran (suburb). ''Niš Constantine the Great Airport'' (Аеродром Константин Велики) ing minangka papan anggegana international ing Niš kanthi kodhe tujuan INI. Niš dadi pusat adminidtrasi ing Distrik Nišava ing Serbia. Dumunung ing simpang dalan antarané Balkan lan dalan-dalan gedhé Éropa, nyambungaké Asia Minor menyang Éropa, Niš dadi salah siji kutha kang tuwa dhéwé ing Balkan, lan wis wiwit jaman kuna dianggep gapura antara Wétan lan Kulon. Niš dadi papan panggonan Greja Serbia kang tuwa dhéwé yaiku saka abad angka 4 kang dumunung ing laladan pinggiran Mediana . Niš uga kawentar minangka panggonan kelairan Konstantin kang Agung, Kaisar Romawi Kristen kapisan lan kang ngadegaké Konstantinopel . Kutha iki uga dadi panggonan klairané loro kaisar Romawi liyané, yaiku Constantius III lan Justin I.
Kutha Niš Град Ниш |
|||
|
|||
Lokasi Niš ing Serbia | |||
Coordinates: 43°18′N 21°54′E | |||
---|---|---|---|
Nagara | Serbia | ||
Distrik | Nišava | ||
Munisipalitas | 5 | ||
Government | |||
- Walikutha | Smiljko Kostić (NS) | ||
- Parté kuwasa | DSS/G17+/NS/SPO/SPS | ||
Jembar wewengkon | |||
- Total | 597 km² (230,5 sq mi) | ||
Populasi (2002)[1] | |||
- Total | 260 237[2] | ||
- Kapadhetan | 420/km² (1.087,8/sq mi) | ||
Zona wektu | CET (UTC+1) | ||
- Summer (DST) | CEST (UTC0) | ||
Kodhe pos | 18000 | ||
Area code(s) | (+381) 18 | ||
Plat montor | NI | ||
Website: City of Niš |
Niš iku pusat universitas. Ana watara 30,000 mahasiswa ing Universitas Niš, kang duwèni 13 facultas. Niš uga salah siji pusat indhustri kang wigati ing Serbia, pusat indhustri èlèktronika (delengen Elektronska Industrija Niš), indhustri mesin mekanikal, tekstil lan tembako.