Louis XVI
From Wikipedia, the free encyclopedia
Louis XVI (lair 23 Agustus 1754 – pati 21 Januari 1793 ing umur 38 taun), ya iku Raja Perancis saka Dinasti Bourbon awit taun 1774 nganti 1792. Kekuasaané dimandhekaké nuli dhèwèké ditangkap nalika Revolusi 10 Agustus, lan akiré diukum kanthi cara guillotine kanggo dakwaan pengkhianatan nalika 21 Januari 1793, ning ngarepé para penonton kang nyoraki ukumané.
Louis XVI awalé disenengi rakyaté, nanging amarga ora cakap nalika merintah lan sikapé kang konservatif nggawé rakyaté dadi sengit karo dhèwèké. Garwané iku Marie Antoinette, lan anak-anaké ana papat ya iku:
- Marie-Thérèse-Charlotte
- Louis-Joseph-Xavier-François
- Louis-Charles
- Sophie-Beatrix