Kluwung
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kluwung, kuwung, wangkawa utawa éndracapa (tegesé: gendhéwané Bathara Éndra) iku pratanda optik lan météorologi wujud cahya manéka warna jinèjèr mlengkung ing langit utawa papan liyané. Ing langit, kluwung katon kaya gandéwa cahya kang pucuké ngarah ing horizon nalika udan riwis-riwis. Kluwung uga bisa katon ing sacedhaké grojogan.
Racaké udan anané ing wektu soré, saéngga kluwung katon ing sisih wétan. Déné menawa ésuk, kluwung katon ing kulon, diarani téja.