Kali Rhein
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kali Rhein (Prancis: Rhin, Walanda: Rijn) kang dawané 1.230 km iku salah siji kali paling dawa Éropa. Jenengé dijupuk saka Keltik "renos" (tegesé "arus kang dhuwur"). Bebarengan karo Kali Donau dadi wewatesan lor Kamaharajan Romawi lan wiwit wektu iku wis dadi jalur banyu wigati kang bisa dilayari, kanggo dedagangan menyang laladan pedalaman.