Juru témbak rundhuk
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sniper, utawa juru témbak rundhuk, ya iku pawongan prajurit infanteri kang kanthi mirunggan terlatih kanggo duwé kemampuan matèni musuh kanthi umpetan saka jarak adoh kanti migunakaké senapan.
Istilah iki ana nalika taun 1770-an, ing prajurit-prajurit Kolonial Inggris ing India, saka tembung snipe, yaiiku sejinis manuk kang angél anggoné dicepaki lan ditembak. Pawongan kang mahir mburu manuk ii diwènèhi jejuluk "sniper".[1]
Sajeroning pira-pira dékade terakhir istilah sniper wis digunakaké kanthi amba lan ora tepat, utama déning médhia. Istilah sniper, kanthi ora tepat, minangka ndeskripsikaké pelaku kriminal kang matèni kanti migunakaké senapan laras dawa.