iPhone
From Wikipedia, the free encyclopedia
iPhone iku sawijining smartphone ("tilpun pinter") utawa tilpun genggam multimédia gawéané Apple. iPhone ora nduwé kibor fisik lan namung nduwé kibor virtual sing muncul ing "kelir demok" (touch screen). Piranti iki duwé fungsi kodhak lan juru main média (mèmper iPod). iPhone kapisan diumumaké ing tanggal 9 Januari 2007 lan dirilis ing Amérika Sarékat tanggal 29 Juni 2007. Nganti sepréné iPhone isih kudu dibabar ing donya sajabané AS.