Gladhiator
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gladiator (Latin: gladiator, artiné "swordsman", saka tembung gladius, "pedhang") ya iku pejuang nggawa gaman sing dadi tontonan marang para pawiyarsa ing Roman Republic lan Kakaisaran Roma ing adon-adon karo gladhiator-gladhiator liyané, kéwan buas, lan para dursila. sawenèh uwong dadi gladhiator kanthi sukarela sing padha waé karo paitané nyawa lan tataran sosial lan ukum nalika lumebu arena adu iku. Akéh-akéhé, gladhiator iku dianggep batur, disekolahaké kanthi kaanan sing ora kepénak, dianggep uwong pinggiran lan dipisahaké karo kelas sosial liya ambokna sawisé mati.
Tanpa ndhelok mula bukané, para gladhiator nunjukaké conto etika bab bela diri ing nagara Roma nalika iku marang pamiyarsané lan, kanthi cara adu. Para gladhiator bisa digandrungi para pamiyarsané lan bisa kawentar. Kawentaré gladhiator-gladhiator diwujudaké ing karya seni sing kwalitété dhuwur lan uga sing élék. Ajining para gladhiator minangka lakon uga dipènget awujud piranti sing regane larang lan piranti omah-omahan biyasa ing donya Roman.
Mula bukané aduning para gladhiator isih didebataké tekan saiki. Ana cihna-cihnané ing ritual kanggo kesripahan nalika Adilaga Punic ing abad angka 3 sadurungé maséhi, lan sawisé iku, wujud adu iki kanthi rikat dadi became salah sawijining fitur pultik lan kauripan sosial ing donya Roman. Kawentarané njalari panggunané ing wujud dolanan sing luwih larang lan kaluwih-luwih.
Gim Gladhiator ana terus tekan nganti èwonan taun, kaloka sing paling pucuk antaraning abad kapisan sadurungé maséhi lan kapindho sawisé maséhi. Dolanan iku mau akhiré ora kaloka manèh nalika lumebu abat angka 5 maséhi sawisé panganggoning Kristen minangka gréja utamaning Kakaisaran Roma ing taun 380, sanajan paburonan kéwan alasan (venationes) isih diolehaké tekan abad angka 6 maséhi.