Gendéra Srengéngé Mlethèk
From Wikipedia, the free encyclopedia
Gendéra Srengéngé Mlethèk (旭日旗 Kyokujitsu-ki) yaiku gendéra wadya bala Jepang. Gendéra iki awalé dirancang déning panglima perang feodal ing Jepang nalika zaman Edo.[1] Ing tanggal 15 Mei 1870, gendéra iki dijupuk dadi gendéra perang Tentera Kamaharajan Jepang déning Kamaharajan Meiji, lan ing tanggal 7 Oktober 1889, gendéra iki dijupuk dadi gendéra Pangkalan Angkatan Laut Kamaharajan Jepang.[2] Gendéra iki, tekan saiki taksih dipasang kanggo njaga budaya lan kabejanan, mula gendéra iki bisa kanggo latar wuri iklan/promosi. Gendéra kasebut saiki dinggo déning Angkatan Bela Diri Maritim Jepang lan versi modifikasi dinggo déning Angkatan Pertahanan Diri Jepang. Gendéra iki sok digayutké karo imperialisme Jepang wiwit abad ka-20 ing Koréa Kidul,[3][4][5] Koréa Lor, Cina,[6] amarga mbiyen zaman perang, gendéra iki dinggo terus karo militer Jepang.