Ferdinand Magellan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ferdinand Magellan 1480-1521, punika satunggiling panjlajah kaliyan palayar saking nagari Portugal. Naminipun ing basa Portugal Fernão de Magalhães. Piyambakipun nyambut damel kanggé praja Spanyol. Lajeng piyambakipun nyobi manglayar dados nahkoda gangsal baita dhumateng ing Asia manglangkungi Donya Anyar, langkung selat ingkang sapunika dipunwastani Selat Magellan (1520). Baita-baitanipun saged dhateng ing Filipina ing 1521. Wonten riku piyambakipun dipunpejahi déning tiyang Filipina.
Sunyata Rikat Lair, Pati ...
Ferdinand Magellan | |
---|---|
Lair | Fernão de Magalhães 1480 Sabrosa, Trás-os-Montes e Alto Douro, Karajan Portugal |
Pati | April 27, 1521 (yuswa 40–41) Karajan Mactan (saiki Kutha Lapu-Lapu, Pilipina) |
Bangsa | Portugal |
Kondhang ing | Mimpin èkspèdhisi mubengi donya pertama. |
Tandha tangan | |
Tutup
Nanging salah satunggiling baitanipun saged wangsul dhateng ing Spanyol ing 1522, awit punika dados ingkang kapisan saged mubengi jagad donya.