F/A-18 Hornet
From Wikipedia, the free encyclopedia
F/A-18 Hornet gweyan McDonnell Douglas (saiki gabung sajrone Boeing) ya iku pesawat tempur supersonik serbaguna kang bisa dioperasikan saka lan kapal induk ing kabèh cuaca, dirancang supaya bisa bertempur di udara lan menyerang sasaran ing darat (F/A ya iku inisial kanggo fighter (tempur) lan attack (serang)). F/A-18 ya iku turunan saka YF-17 ing dasawarsa 1970-an kanggo digunakaké déning Angkatan Laut lan Korps Marinir Amérika Sarékat. Hornet uga digunakaké déning angkatan udara ing pira-pira nagara. Pesawat iki wis dadi pesawat peraga dirgantara kanggo Skuadron Peraga Terbang Angkatan Laut Amérika Sarékat, Blue Angels, awit taun 1986. Hornet duwé peran minangka pesawat tempur pengawal, pertahanan udara, perusak pertahanan udara musuh, larangan udara, pesawat serang antigerilya, lan pesawat intai. Keserbagunaan lan keandalané wis mbuktèkaké dadi aset bernilai ing salah sijiné kapal induk, sanajan dhèwèké dikritik amarga kelemahané sajeroning hal jelajah lan daya muat ketimbang karo kang diduwèni pesawat-pesawat mutakhir pendahulunya, kaya ta F-14 Tomcat sajeroning hal peran tempur lan serang-tempur, lan A-6 Intruder lan A-7 Corsair II sajeroning hal peran serang.[3]
F/A-18 Hornet | |
---|---|
F/A-18C milik Korps Marinir Amérika Sarékat | |
Tipe | Pesawat tempur serbaguna |
Produsen | McDonnell Douglas (Boeing)Northrop (Northrop Grumman) |
Pisanan mabur | 18 November 1978 |
Dikenalaké | 7 Januari 1983 |
Status | Aktif |
Pemakai | Angkatan Laut Amérika Sarékat Korps Marinir Amérika Sarékat Angkatan Udara Ostrali Angkatan Udara Spanyol |
Cacah digawé | F/A-18A–D: 1.480[1] |
Rega satuan | $29–57 juta (2006)[2] |
Acuan | Northrop YF-17 |
Varian | McDonnell Douglas CF-18 Hornet F-18 HARV Boeing X-53 |
F/A-18 Hornet dadi dhasar kanggone pengembangan F/A-18E/F Super Hornet, yakni pesawat tempur rancang-ulang F/A-18 kang luwih gedhé lan evolusioner. Ketimbang karo Hornet, Super Hornet berukuran luwih gedhé, luwih abot, lan ana perbaikan sjroné hal daya jelajah lan daya muaté. F/A-18E/F awalé diusulaké minangka alternatif kanggo pesawat tempur kang sama sekali anyar kanggo ngganteni pesawat serang kang isih bertugas kaya ta A-6. Varian kang luwih gedhé uga diarahake kanggo ngganteni F-14 Tomcat kang wis meh uzur, kanti menkono bisa saling berganti-tugas karo Hornet ing Angkatan Laut Amérika Sarékat, lan bertugas ing rentang peran kang luwih amba meliputi pengisian bahan bakar ing udara, lan anjungan pengacau kelistrikan (electronic jamming platform).[4]