Exxon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prusahaan Exxon Mobil utawa ExxonMobil (NYSE: XOM), kang duwé markas ing Texas (Amérikah Sarékat, iku sawijining prusahaan kang ngasilaké lan pengècèr lenga patra kang diwangun ing30 November 1999 liwat panggabungan prusahaan Exxon lan prusahaan Mobil. ExxonMobil iku indhuké perusahaan Exxon, Mobil lan Esso i8ng saindhenging donya.
Type | Publik (NYSE: XOM) |
---|---|
ISIN | US30231G1022 |
Industry | Lenga patra lan gas |
Founded | 1911 (ing taun 1999, prusahaan nganggo jeneng saiki) |
Headquarters | Kantor pusat ing Irving, Texas |
Key people | Rex W. Tillerson, Chairman & CEO |
Products | Produk petrokimia |
Revenue | $371 milyar ASD (2005) |
Operating income | 52.783.000.000 Dolar AS (2023) |
Net income | 36.010.000.000 Dolar AS (2023) |
Total assets | 362.597.000.000 Dolar AS (2019) |
Number of employees | 88.300 |
Website | www.exxonmobil.com |
ExxonMobil minangka prusahaan kabuka kang gedhé dhéwé ing donya. Kauntungan operasiné ing taun 2005 ana AS$36,13 milyar (sawijining rékor kanggoné prusahaan ing kabuka), sethithik luwih cilik tinimbang PDB Azerbaijan, déné pikolèhané luwih gedhé saka PDB Arab Saudi. ExxonMobil duwé kantor pusat ing Irving, Texas.
Bebarengan karo Shell, BP lan Total, Exxon Mobil minangka papat prusahaan lenga patra gedhé dhéwé ing donya. Direktur ExxonMobil saiki ya iku Rex W. Tillerson.