Eugene O'Neill
From Wikipedia, the free encyclopedia
Eugene Gladstone O'Neill (lair 16 Oktober 1888 – kapundhut 27 November 1953 nalika yuswane 65 taun) ya iku dramatis saka Amérika.[1] Tinimbang dramatis liyané, O'Neill nepangake realisme dramatis kang karintis déning Anton Chekhov, Henrik Ibsen, lan August Strindberg ing drama Amérika.[1] Lumrahé, drama-dramane nyritakake paraga-paraga kang urip ing pinggiran warga, ing endi dhèwèké ngupaya kanggo mertahanake pangarepan lan aspirasi nanging pungkasane dhweke malahan kuciwa.[1]
Eugene O'Neill | |
---|---|
Lair | Eugene Gladstone O'Neill (1888-10-16)16 Oktober 1888 New York City, New York, AS |
Pati | Novèmber 27, 1953(1953-11-27) (umur 65) |
Pakarya | Penulis sandiwara |
Bangsa | Amérikah Sarékat |
Bebungah utama | Nobel Prize in Literature 1936 |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: O'Neill |
Eugene O'Neill lair ing kamar hotèl ing Broadway ing New York City.[2] Dhèwèké tau urip ing New London, Connecticut. Bapake aktor panggung klairan Irlandia kang asmane James O'Neill, kang wis duwé properti ing New London sadurungé Eugene lair.[2] Ibunne kecandhuan morfin nalika Eugene lair; dhèwèké ora tau pulih saka sedane anaké kang nomer loro, kang séda amarga lelara campak nalika umuré rong taun.[2] O'Neill kerep cedhak karo Provincetown Players, lan pirang-pirang drama pisanane dipentasake déning kelompok aktor lan pengarang drama iku.[2] Nalika diwasa, O'Neill kerja ing New London Telegraph, lan wiwit nulis drama nalika kerja ing kana.[2] Sawisé kerja ing Sanatorium Gaylord Farms (panggonan dhèwèké tetirah amarga tuberkulosis) dhèwèké dadi pengarang drama.[2] (Connecticut College nyimpan arsip O'Neill lan Eugene O'Neill Theater Center ing Waterford, Connecticut ngembangake drama-drama anyar).[2]