Aksara Fenisia
jenis aksara kanggo / From Wikipedia, the free encyclopedia
Aksara Fenisia asalé saka kira-kira taun 1000 SM lan wujud turunan langsung aksara Proto-Sinai. Aksara iki digunakaké déning wong Fenisia kanggo nulis basa Fenisia, sawijining basa Semitik Lor. Aksara-aksara modhèren sing wujud turunan aksara Fenisia ya iku aksara Yunani, aksara Latin, lan aksara Ibrani. Aksara Fenisia kalebu sawijining abjad. Aksara Fenisia iku abjad "gundhul". Sajeroning aksara Fenisia, vokal ora ditulisaké.
Prasasti-prasasti Fenisia tinemu ing saindhenging Laut Tengah. Situs-situsé ing antarané ya iku Byblos (Libanon) lan Kartago (Tunisia).